SUMATIF TENGAH SEMESTER I (STS I)BAHASA JAWAKELAS 4
Gemi
Nggunakake Energi
Dina : “Bapak, kula nyuwun TV
enggal !
Bapak : “Arep diwenehake ngendi,
ndhuk ?”
Dina : “ Wonten kamar, pak .”
Bapak : “Ndhuk, wong ing ruwang
tamu wis ana TV kok ndadak nyuwun anyar.”
Dina : “Kula pengin tv pribadi hlo, Pak.”
Bapak : “Dudu perkara kuwi
ndhuk.”
Dina : “Hla
napa, Pak.”
Bapak : “Yen tvne saya akeh kuwi ndadekake boros listrik.
Kamangka saiki kita kudu irit
anggone nganggo energi.”
Dina :
“Oalah.. Ngoten ta, Pak.”
Dina : “Sanese listrik, napa mawon pak ingkang
kedah diirit?.”
Bapak : “Minyak bumi, Ndhuk. Kayata bensin, solar, lan sapiturute.”
Dina : “Inggih, Pak. Kula sampun
paham.”
Bapak : “Njur iki sidane kepriye, Ndhuk?.”
Dina : “Bapak, kula mboten sios
nyuwun TV mawon yen ngoten.”
Bapak : “Syukur yen awakmu wis paham, Ndhuk.”
I. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki
nganggo jawaban sing bener!
1.
Sapa wae paraga
ing pacelathon ing dhuwur?
……………………………………………………………………………
2.
Apa wae kang kalebu minyak bumi?
……………………………………………………………………………
3.
Ing ngendi
panggonane pacelathon ing dhuwur?
……………………………………………………………………………..
4.
Kepriye
carane irit energi sajrone pacelathon ing dhuwur?
……………………………………………………………………………..
5.
Kena apa wong
saiki kudu irit energi?
……………………………………………………………………………..
II. Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, c,
utawa d minangka wangsulan sing paling bener!
Tansah Nyawiji
dening :
Ayundha Salshabilla
Ora preduli aku sapa
Ora preduli kowe sapa
Ora preduli yen kita beda
Amarga kita tansah nyawiji
Nyawiji dadi siji
Aneng lemahing ibu pertiwi
Senadyan kita beda suku
Senadyan kita beda agama
Senadyan kita beda basa
Nanging kita tetep padha
Tansah nyawiji
Ing nagariku Indonesia
6.
Apa irah – irahane
geguritan ing ndhuwur?
a. Ayo Nyawiji c. Tansah
Nyawiji
b. Nyawiji dadi siji d.
Padha Nyawiji
7. Amarga kita . . . nyawiji.
Isi penggalan geguritan ing
dhuwur sing trep yaiku ….
a. Nagariku b. beda c. Tansah d. dadi
8. Tembung
“Ibu Pertiwi” nduweni arti yaiku ….
a. Desa b. langit c. Bangsa d. kota
9.
Lawan tembung “Beda”
yaiku . . .
a. Seje b. padha c. angel d. gampil
10. Geguritan iku asal saka tembung gurit sing tegese ....
a. Nembang b. sarwa endah c. Tembang d. endah
11. Geguritan
ing dhuwur nduweni tema ngenani . . .
a.
Sekolah c.
Lingkungan hidup
b.
Persatuan dan Kesatuan d. kebersihan lingkungan
12.
Nalika maca geguritan
sedhih, solah bawa lan polatan kudu. . .
a.
Seneng b. sedhih c. Bunga d.
nangis
13. Busana kang digawe paraga
geguritan tema kepahlawan yaiku . . .
a. Busana manten c. Busana
muslim
b. Busana tentara d.
Busana jarik
14. Amanat (pesan)
puisi
“Tansah Nyawiji” ing dhuwur yaiku . . .
a. Ora
oleh milih-milih kanca c.
Tukaran karo suku sing beda
b. Kekancan
karo suku sing padha d. Ganggu
kanca sing beda agama
15. Saiki
alat rumah tangga nganggo setrum listrik, panganggone kudu nirit
setrum. Tembung ngirit
tegese .
. .
a. Gemi b. medhit c.
Sethithik d. Awet
16.
Adhiku durung gelem mangan, jalaran untune lara.
Tembung mangan krama lugune ....
a.
Nedhi b.
mangan c.
Nedha d. Dhahar
17.
Tembung kang trep
miturut gambar kasebut supaya hemat energi yaiku
. . . .
a.
Ngurupake
lampu nalika awan
b.
Mateni
lampu nalika awan
c.
Mateni
kipas angina nalika ditinggal metu
d.
Ngurupake
kipas angin nalika hawane adem
18.
Ing ngisor iki sing kalebu kagiyatan hemat energi listrik
yaiku . . .
a.
Kran banyu ora dipateni sawise digawe
b.
Mateni lampu nalika ninggalake ruwangan
c.
Kipas angin ora dipateni nalika ninggalake
ruwangan
d.
Nyalakake TV nanging ora dideleng
19. HP iku alat ..... dudu alat kanggo
dolanan.
a. Komunikasi b. Ngetung c.
Game d. Nggambar
20.
Kebersihan lingkungan kuwi penting tumrap kesehatan mula … kudu sregep kerja bakti.
a. Pak RT b.
RW c. Para warga d. Paguyuban
II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo
tembung kang trep!
21. Bu Lik lunga pasar numpak
pit motor.
Ukara ing dhuwur basa kramane ....
22.
Tembung “anake” karma inggile yaiku . . . .
23. Prilaku sing becik kudu
ditindakake, kayata ….
24. Tembung ”tuku” yen
ditulis nganggo aksara jawa dadi …......
25. Kebonku subur katon ijo
...........
26. Ing taman ditanduri
maneka warna kembang katon edi ..........
27. Bapakku arep nitih sepur menyang Jakarta.
Yen diubah dadi ukara pitakon (kalimat tanya) dadi
.............
28. Bu Guru rawuh
watara jam wolu.
Yen diubah dadi ukara pitakon (kalimat tanya) dadi
.............
29. Daleme guruku cedhak lampu bangjo.
Bangjo saka tembung camboran ...............
30. Kangmasku dedege dhewur ora kaya
pamanku.
Dhewur saka tembung camboran ...............
IV. Wangsulana
pitakon-pitakon ing ngisor iki!
31. nitih – Ibu –
dhateng – kreta – Semarang
Rakiten tembung kasebut dadi
ukara sing bener!
....................................................................................................................................................................................................................................................
32. Tulisen
2 cara ngirit energi listrik!
......................................................................................................................................................................................................................................................
33. Ibu
tuku gula.
Ukara
kasebut owahana dadi basa krama sing bener!
....................................................................................................................................................................................................................................................
33. Tulisen 2 cara ngeman banyu!
......................................................................................................................................................................................................................................................
35. Mbak Susi mundhut HP ing Surabaya.
Ubahen dadi ukara pitakon!
..........................................................................................................................
………………………………………………………………………………..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Terima kasih telah berkunjung di blog saya, semoga bermanfaat. Jangan lupa komen ya