[BASA JAWA] CRITA RUMINI - Fauziah Rachmawati | Pendidik dan Penulis

Breaking

Iklan

Sabtu, 21 Mei 2022

[BASA JAWA] CRITA RUMINI

 

[BASA JAWA] CRITA RUMINI

Tanggal 4 Desember 2021, gunung Semeru mbledos. Warga Lumajang podho keplayu golek selamet dewe-dewe. Korban erupsi Semeru sakmono akehe. Omah-omah kependem lumpur larva Semeru. Relawan nyambut gawe kanti temen nggoleki warga sing ilang kependem lumpur.

Ana salah sijine cerita sing patut dicontoh lan ditiru kanggo awake dewe. Cerita kuwi gawe trenyuh ing ati yaiku ceritane Rumini. Pas kejadian erupsi Semeru Rumini ing omah karo ibune. 

Suara gemlegar Semeru iku pertanda arep mbledos. Ibune Rumini sampun sepuh ora iso mlayu nyelametno awake. 

Rumini dikon mlayu ibune amarga wedus gembel bakal ngebleki omahe. Rumini ora mlayu namun ngebotno ibune. Rumini ngorbano jiwa lan ragane kanggo ibune sing ditresnani. 

Rumini wis pasrah sing bakalan kedadean karo awake lan ibune. Tresnane Rumini marang ibune digawa sampe mati. 

Buktine jasade Rumini ditemokno tim evakuasi pas rangkulan akro ibune. Mugo-mugo Rumini lan ibune mlebui surgane Gusti Allah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Terima kasih telah berkunjung di blog saya, semoga bermanfaat. Jangan lupa komen ya