Latihan Soal Bahasa Jawa Kelas 3 Semester 2 - Fauziah Rachmawati | Pendidik dan Penulis

Breaking

Iklan

Kamis, 20 April 2023

Latihan Soal Bahasa Jawa Kelas 3 Semester 2

Latihan Soal Bahasa Jawa Kelas 3 Semester 2

Wacanen Cerita Ing Ngisor Iki ! Areng Bathok

Bathok klapa iku cangkange klapa sing atos kang manggon sakjerone sepet. Bathok iku akeh gunane. Bisa kanggo bahan maneka warna kerajinan, bahan warna, kanggo manggang/ masak lan liya liyane.

Kanggo manggang/masak bisa langsung nganggo bathok kang garing, bisa uga nganggo bathok sing wis diolah dadi areng. Menawa kanggo manggang sate, iwak bakar , pitik, lan sapanunggalane umume nganggo bathok sing wis diolah dadi areng.

Gawe areng bathok iku carane kaya mangkene : 1) Nyiapake bathok klapa sing garing; 2) Nyiapake drum sing wis dibolongi ngisore cacah 8; 3) Bathok ditata ana ing drum seprapat drum; 4) Bathok diobong nganti murub kabeh; 5) Yen wis murub kabeh, bathok sing isih, dilebokake maneh seprapat drum, yen wis murub, lebokake maneh bathok sing isih seprapat drum. Ngono sakteruse: 6)) Areng sing wis dadi siap digunakake.

Areng salah sawijine sarana kanggo nyengkuyung program hemat energi, usaha gawe areng iki uga bisa kanggo nambah penghasilan kulawarga.

 

I. Wenehana tandha ping (X) ing aksara A, B utawa C minangka wangsulan sing bener ! 

1. Irah – irahane wacan ing dhuwur .yaiku  . . .

A. Areng Bathok C. Bathok klapa

B. Bathok Areng

2. Kang diarani bathok klapa iku  . . .

A. sepete klapa

B. cangkange klapa sing atos

C. sepete klapa sing atos

3. Keunggulane areng bathok yaiku  . . .

A. sarana kanggo program hemat energi

B. nambah penghasilan keluarga

C. kabeh bener

4. Wadhah sing kudu disiapake kanggo gawe areng bathok yaiku  . . .

A. dandhang sing gedhe

B. drum sing wes dibolongi ngisore

C. kukusan ukuran gedhe

5. Bathok sing arep diolah becike bathok sing  . .

A. garing B. anyar C. teles

6. Dzaky tuku layangan ing pasar. Jejere ukara iku

A. tuku B. Dzaky C. layangan

7. Kucingku nggondol tikus ing ngisor lemari. Wasesane ukara iku  . . .

A. nggondhol B. tikus C. lemari

8. Ukara pakon sing kudhu diugemi wiwit nalika cilik yaiku  . . .

A. sing sregep sinau ojo dadi bocah kesed !

B. dolan kok ora mulih-mulih!

C. playonono layangan pedhot !

9. Yen lara weteng kudu ngombe  . . .

A. obat. B. wedang C. jamu

10. Man, tulung pecahna duren iki!  Ukara iki klebu ukara  . . .

A. pakon B. pitakon C. andharan

11. Pak Mardi dhadhane krasa ampeg lan wetenge krasa  . . .

A. mules B. mumet C. muntah

12. Gethuk iki digawe saka gedhang dene lemper saka  

A. ketan B. tepung C. pohong

13.  . . .  Siti anggone teka Surabaya ?

A. apa B. kepriye C. kapan

14. Kutha Surabaya hawane  . . .     yen Malang wis awan isih adhem.

A. panas B. sumelet C. gerah

15.  . . .  sing durung weruh padusan Cangar ?

A. Kepriye B. Apa C. Sapa

16. Astanipun Simbah kraos linu. Asta tegese  . . .

A. sikil B. tangan C. dengkul

17. Ukara sing dianggep bener yaiku  . . .

A. Mas Rasyad mateni lampu ?

B. Apa sing digawa Mas Rasyad ?

C. Wis enggal garapen ?

18. Fitri lan adhine tuku roti ono pasar. Wasesane ukara iku  . . .

A. pPasar B. Fitri lan adhine C. tuku

19. Carane – marang – Kepriye – gemi – listrik ? – energi. Ukara sing becik :

A. Kepriye carane gemi marang energi listrik ?

B. Marang energi listrik kepriye crane gemi ?

C. Energi listrik kepriye carane gemi marang ?

20. Ing ngisor iki minangka ukara andharan, kajaba  

A. Kapan kowe mlebu sekolah ?

B. Mas Wardi gerah waja lan wes diobati.

C. Aku arep sinau karo kancaku.

21. Tembang dolanan menthok – menthok , ngandhut pitutur supaya  . . .

A. ora kesed B. cepet banget      C. ora rikat

22. Kidang talun

Mangan kacang talun

Mil – kethemil – mil – kethemi

 . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . .

Ukara sing cocok kanggo nglengkapi tembang  dolanan ing ndhuwur yaiku … .

A. Si Kidang  mangan      C. Mil – kethemil

B. Si kidang mangan lembayung

23. Tembang “ Aku Duwe Pitik” kagolong tembang ..

A. dolanan B. macapat C. parikan

24. “  . . . Padhang bulan, padhang  kaya  rina “. Tembung rina tegese  . . .

A. sore B. isuk C. awan

25. Nembang dolanan iku nembang sinambi  . . .

A. geguyonan B. jejogetan C. dolanan


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Terima kasih telah berkunjung di blog saya, semoga bermanfaat. Jangan lupa komen ya