SOAL PAT BAHASA JAWA KELAS 5 - Fauziah Rachmawati | Pendidik dan Penulis

Breaking

Iklan

Jumat, 26 Mei 2023

SOAL PAT BAHASA JAWA KELAS 5

SOAL PAT BAHASA JAWA KELAS 5

 SOAL PAT BAHASA JAWA KELAS 5

I.    Wenehana tanda ping (X) ing aksara a, b, c utawa d yang kang dadi jawaban benar !

 

Kanggo nomer 1-5

Sekar Pangkur kang winarna

Lelabuhan kang kanggo wong aurip

Ala lan becik punika

Prayoga kawruhana

Adat waton puniku dipun kadulu

Miwah ingkang tata krama

Den  kaesthi siyang ratri

 

1. Tembung  sekar tegese ....

a. nyekar

b. tembang

c. macapat

d. pangkur

2. Tembang ing dhuwur ngemu pitutur supaya wong kuwi padha mangerteni ….

     a. ala lan becik

b. kasenengan

c . kamurkan

d. kasusahan

3. Tembang Pangkur ing dhuwur ana....gatra

a. 5

     b. 6

     c. 7

     d. 8

4. Tembang macapat ing dhuwur arane ....

a.Mijil

b. Pocung

c. Pangkur

d. Gambuh

5. Tegese tembung ratri ana tembang ing dhuwur  yaiku ....

     a. awan

     b. bengi

     c. sore

     d. jenenge bocah

 

kannge nomer 6-10

Reroncene Adang Tani

Kaanggit dening Trie Sutajaya

Ijo royo-royo

Gumelar sak ngisore langit biru

Angin tumiyup

Dolanan godhong pari

Kadang tani padha mesem

 nyawang parine wis kuning

Ati ayem tentrem

Pari kuning

Minangka reroncene urip

Tembe mburi

 

6. Sing nulis geguritan ing dhuwur yaiku ….

a. Pak tani

b. Kadang tani

c. Sedulur kampung

     d. Trie Elang Sutajaya

7. Isine gegurutan ing dhuwur yaiku pak tani seneng atine amarga

a. ora panen

b. nandur pari

c. arep  panen

d. panen gedhe

8. Tegese tembung mesem ana ing geguritan mau yaiku....

a. ngguyu seneng

b. arep panen

c. rasa lara

d. ati ayem

9. Kepriye atine kadang tani  nalika nyawang sawahe ?

a. ing tembe mburi

b. atine ayem

c. kepingin ngguyu

d. kepingin lunga

10. Geguritan ana dhuwur ana ... gatra.

a. 10

b.11

c.12

d.13

 

teks wacan kanggo no 11-16

 

Sendhang Sani

Sunan Kalijaga lan Ki Rangga sarta para santrine pada nuju padepokan Sunan Muria. Nadyan papan dununge adoh, Sunan Kalijaga kaya-kaya ora duwe kesel babar blas. “Kaya wis tekan kadipaten Pati Pesantenan, sedela meneh tekan padepokan Muria,” ngendikane Sunan Kalijaga marang murid-murid.

Nalika wanci sembahyang dhuhur, Sunan Kalijaga ngajak leren ing sak ngisore wit gedhe, banjur dhawuh marang Ki Rangga supaya golek banyu kanggo wudhu. Ki Rangga lan kancane padha bingung amarga ing papan kono garing ora ana banyune.

Karakit saka Buku Rakyat dari Pati (yudono KS dan Mulyono)

 

11. Cerita ing dhuwur kelebu ....

a. dongeng

b.  legenda

c. cerbung

d. cernak

12. Panggonan sing garing kuwi panggonan ....

a.  ora ana banyune

b. akeh banyune

c. ana sendange

d. akeh lebune

13. Sendhang Sani ana ing wewengkon tlatah....

a. Pati

b. Kudus

c. Demak

d. Pesantren

14. Sunan kalijaga lan pandhereke ngaso ana....

a. sapinggire sendhang

b. ngisor wit gedhe

c. Sendhang Sani

d. pinggir desa

15.  Ki Rangga lan kancane padha bingung amarga garing ora ana ….

a. banyu

b. watu

c. geni

d. angin

16. Tembung nadyan ana ing wacan tegese....

a. ora gelem

b. nanging

c. supaya

d. dadi

17. Kegiyatan maca naskah/teks kanthi tujuan nemokake kesalahan diarani ....

     a. ngringkes

     b. maca

     c. nyunting

     d. nulis carita

18. Panulisan tembung ana ukara kudu bener, ngaggo aksara kapital utawa aksara cilik. Punika cara  penulisan nganggo ....

     a. isi ringkesan

     b. tanda wacan

     c. ukara

d. ejaan kang bener

19. Nalika kanca carita ana ngarep kelas kanca liane kudu menehi....

a. ngece

b. suara

c. hadiah

d. saran

20. Kewan kuwi arep kanggo memetri desa(...), tandha wacan  kang trep ing njero kurung yaiku ….

     a. koma

     b. titik loro

     c. titik koma

d. titik

 

Teks kanggo nomer 21-29.

    

Nalika semana, kasultanan Demak dipimpin pangeran Made Pandan, duwe putra arane Pangeran Pandan Arang. Sawijing dini pangeran, putra, lan abdine lelana tekan alas banjur bukak alas kanggo nandur lan pomahan. Durung ngrasakake hasile, Pangeran seda ninggal weling “Ngger anakku. Olahen papan iki kanthi temen. Aja pisan-pisan ditinggalake amarga mengkone dadi panggonan kang reja.”

Sawijining dina pangeran Pandan Arang ngendika “Rakyatku lemah subur nanging ana wit asem kang thukule arang-arang banjur papan iki tak jenengi semarang,saka tembung asem kang arang-arang

 

21.Irah-irahan kang trep yaiku ....

     a. Semarang

     b. Kutha Semarang

     c. Artine Semarang

     d. Asal Usul Semarang

22. Tembung reja ing cerita dhuwur tegese ….

     a. seda

     b. subur

     c. tentrem

     d. ijo royo-royo

23. Paraga ana cerita ing dhuwur ....

     a. Pangeran Made Ppandan

     b. Pangeran Pandan Arang

c. Rakyate

d. Pangeran Made Pandan, Pangeran Pandan Aran, Rakyate

24. Pangeran Made Pandan seda ana ing ....

     a. pomahan ing alas

     b. desa Pandanaran

     c. kesultanan Demak

     d. alas kang gedhe

25. Watake Pangeran Pandan Arang manut carita kuwi yaiku ....

     a. manut marang wong tuwa

     b. welas asih marang abdine

     c. seneng nglawan bapake

     d. sakti mandraguna

26. Pesene Pangeran Made Pandan kanggo putrane  ana carita  ing dhuwur yaiku ....

a. rajin sinau lan nabung

b. bekti marang wong tuwa

c. ora ninggalake papan kuwi

d.njenengi papan kuwi dadi Sermarang

27. Sing njenengi Semarang yaiku ....

     a. Pangeran Made Pandan

     b. Pangeran Pandan Arang

     c.  Baru Klinthing

     d. Pandanaran

28. Tembung Semarang asale saka ....

     a. asem larang

     b. asem kang arang-arang

     c. wit asem garing

     d. meseme arang-arang

29. Panggonan iku dijenengi Semarang amarga ing panggonan kuwi ....

a. subur lan aneh anget

b. akeh tethukulan ijo royo-royo

c. thukul wit asem sing arang-arang

d. tandhuran asem thukul ana karang

30. Ing cerita “Srikandi Madeg Senopati”, Srikandi kuwi garwane ....

a. Pandhawa

b. Raden Werkudara

c. Raden Janaka

d. Prabu Kresna

31. Srikandi madeg senopati kuwi mujudake....

a. wanita luwih kuwasa

b. emansipasi wanita

c. perangane wanita

d. kadikdayan kaum wanita

32. Cerita Srikandi Madeg Senopati duwe pitutur....

a. saben mungsuh kudu dipateni

b. kita kudu duwe watak satriya

c. kabeh kudu wani perang

d. aja wedi  karo mungsuh

33. Pasangan Aksara Jawa ‘ha, pa, sa lan nya “ ditulis ana ing ... aksara kang dipasangi.

a. sandhuwure

b.sangarepe

     c.samburine 

d. sangisore  

34.   B  yaiku  pasangan aksara ....

a. c

b.d

c. q

d. b

35. msRsiF yen ditulis nanggo aksara latin yaiku ....

a. pak radi

b. pak rudi

c. mas radi

d. mas rasdi

 

II.        Ceceg-ceceg ing ngisor iki isinana kanthi jawaban kang bener !

 

36.    Sekar Pangkur kang winarna, guru lagune yaiku ....

37.     Miwah ingkang tata krama guru wilangane cacahe ana ….

38.    Geguritan kuwi kelebu karangan arupa ....

39.    Ora ngurangi lan ora nambahi tembung lan ukara ing sakjroning karangan asline diarani ....

40.    Ngematake pocapan, lisan, lan penghayatan iku menawa . . . . geguritan

41.     ps/  yen ditulis latin yaiku  . . . .

42.    Carita sing gambarake dumadine papan lan panggonan kelebu....

43.    Baju biru yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku . . . .

44.    Tulisen sandangan pangkon . . . .

45.    Pacelathon  iku padha karo . . .

 

III. Wangsulana pitakon – pitakon ing ngisor iki kanthi patitis !

 

46.    Tulisen guru wilangan lan guru lagune tembang Pangkur !

47.    Gawea geguritan bab sawah 3 ukara wae !

48. “Pardi tuku wayang”, tulisen  nganggo aksara Jawa !

49.  Apa tegese “Sapa nandur bakal ngundhuh” ? 

50.  Gawea ukara nganggo tembung ing ngisor iki!

a.     Resik             b. Sregep


Soal PAT Kelas 5

1. PPKN
https://www.eduinspirasi.com/2023/05/soal-pat-ppkn-kelas-5.html
2. B Indonesia
https://www.eduinspirasi.com/2023/05/soal-pat-kelas-5-mapel-bahasa-indonesia.html
3. IPA
https://www.eduinspirasi.com/2023/05/soal-pat-ipa-kelas-5.html
4. IPS
https://www.eduinspirasi.com/2023/05/pat-ips-kelas-v.html
5. Matematika
https://www.eduinspirasi.com/2023/05/soal-pat-matematika-kelas-v.html
6. B Jawa

https://www.eduinspirasi.com/2023/05/soal-pat-bahasa-jawa-kelas-5.html

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Terima kasih telah berkunjung di blog saya, semoga bermanfaat. Jangan lupa komen ya